Cerita Ramayana Resi Jatayu Dalam Bahasa Jawa Lengkap

Cerita Ramayana Resi Jatayu Dalam Bahasa Jawa Lengkap - Dibawah ini adalah petikan cerita ramayana Resi Jatayu. Bagi teman-teman yang sedang mencari cerita Resi Jatayu dalam bahasa Jawa, teman-teman bisa menggunakan petikan cerita Resi Jatayu dalam bahasa Jawa ini. Pada cerita ramayana Resi Jatayu dalam bahasa Jawa ini menggunakan ragam bahasa Jawa ngoko.
Cerita Ramayana Resi Jatayu Dalam Bahasa Jawa Lengkap
Resi Jatayu / Peksi Jatayu

Nalika ngenteni tekane Rama lan Laksmana, Sinta weruh wong wadon tuwa. Wong wadon tuwa iku ngerti menawa Sinta trenyuh, banjur mlaku nyedhaki Sinta. Nanging nalika wong wadon ora bisa mlebu bunderan kuwi. 

Oh, Putri, aku weruh ana kembang mlathi disumpingake ing rambutmu. Apa aku oleh ngepek kembang mlathi sing endah iku?" panjaluke wong wadon tuwa iku. 

Sinta banjur menehake mlati sing ana rambute. Sinta ngathungake tangane menyang sanjabane bunderan. Wong wadon tuwa iku ora mung njupuk kembang mlathi nanging uga nggeret tangane Sinta metu saka bunderan. Sinta njerit. Jebul wong wadon tuwa iku Prabu Rahwana. Rahwana banjur ngguyu cekakakan. Dewi Sinta digawa dening Rahwana menyang Alengka. Ing sadalan-dalan Sinta bangga supaya bisa diuculake. 

Dumadakan Rahwana diserang manuk garudha.. Serangane iku gawe Sinta meh niba. Kanthi trengginas manuk iku nyathok awake Sinta. 

"Putri, nami kula Jathayu. Kula mireng panjerit paduka saking katebihan," ature manuk iku. 

Oh, Jathayu banget gedhe panuwunku," kandhane Sinta. 

Jathayu nandhang tatu. Sadurunge mati ninggal weling marang Sinta. 

Putri, paduka pundhut salembar wulu ing badan kula. Benjing badhe migunani kagem paduka! Mangga, Putri! Jathayu ngrintih. 

Sinta banjur nuruti ature Jathayu. Sinta banjur njabut saeler wulu saka awake Jathayu. Nanging ora suwe sawise Sinta njebol wulu mau, Rahwana nyamber awake Sinta, Sinta digendhong meneh lan digawa lunga menyang Alengka. (Sumber: Buku Teks Pelajaran Padha Bisa Basa Jawa Kelas VII)

###
Nah itu tadi adalah petikan dari cerita Resi Jatayu dalam bahasa Jawa. Terimakasih telah berkunjung dan jangan lupa share artikel ini. Sampai jumpa di artikel bermanfaat lainnya.

Artikel Terkait


EmoticonEmoticon