Contoh Teks Dialog dalam Bahasa Jawa Tentang Lingkungan

Contoh Teks Dialog dalam Bahasa Jawa Tema Lingkungan - Halo sobat android Purbalingga. Pada kesempatan kali ini saya akan berbagi tentang contoh materi teks dialog berbahasa Jawa dengan tema lingkungan sekitar. Bagi teman-teman yang sedang mencari contoh teks pacelathon bahasa Jawa dengan tema lingkungan bisa menggunakan referensi teks pacelathon bahasa Jawa dibawah ini.
Contoh Teks Dialog dalam Bahasa Jawa Tentang Lingkungan

Di bawah ini adalah contoh teks dialog bahasa Jawa dengan tema lingkungan.

Teks Dialog Bahasa Jawa Tentang Lingkungan

Umi : “Din, bapakmu kan Ketua RT mesthine luwih ngerti. Ngendikane bapakku, suk dina Minggu ngarep iki warga kampunge dhewe didhawuhi Pak RT kanggo kerja bakti. Kerja bakti apa, ta?” 

Udin : “Iya bener, Um. Pas kumpulan arisan bapak-bapak winginane ana ing omahku kene, pancen disepakati suk dina Minggu sing arep teka iki arep kerja bakti.” 

Lia : “Lha ketoke kampunge dhewe iki wis resik, apane meneh sing arep diresiki?” 

Udin : “Ya.... mesthine ana. Eh kae, mumpung bapakku karo pengurus RT liyane lagi ngendikan ing ruang tamu, ayo mrana nyuwun pirsa.” 

Umi : “Ngapunten Pak, kepareng matur. Benjang Minggu menika wonten kerja bakti menapa ta, Pak?” 

Pak RT : “O... kuwi ta? Takkira arep matur apa. Ngene lho Mbak, saiki wis ngancik mangsa rendheng dadi kanggo nyegah supaya kampunge dhewe ora ketaman lelara DB, warga kampung kene dakajak resik-resik kampung nata lingkungan.” 

Lia : “Ingkang badhe dipunresiki menapa kemawon, Pak?” 

Pak RT : “Ya kabeh, lingkungane dhewe iki kabeh kudu diresiki, ben resik, tingkas lan padhang. Rak nggih ngaten ta, Pak Yus?” 

Pak Yus : “Inggih leres, Pa. Ngene lho Mbak, Mas, menawa ngepasi unsum udan, aja nganti got lan kalen-kalen sing ana ing kampunge dhewe iki padha mampet, banyune ora bisa mili, dadi mambeg, ora mung nggo susuh lemud thok ta? Lha, kuwi rak marahi muncule penyakit, ta?” 

Umi : “Inggih Pak, benjang Minggu kita sedaya ndherek kerja bakti lan badhe ndherek ngrawat lan ugi njagi lingkungan.”

Contoh Teks Dialog Bahasa Jawa Tema Lingkungan 2

Narwan : “Sugeng sonten Pak, badhe Matur sekedhap”. 

Pak Agung : “Iya-iya Le, kene pinarak mlebu dhisik”. 

Narwan : “Inggih Pak, matur nuwun”. 

Pak Agung : “Ana wigati apa?, dene sliramu sore-sore tekan kene”. 

Narwan : “Mekaten Pak, kula dipundhawuhi bapak supados matur kaliyan Pak Agung menawi benjing minggu, jam 07.00 dhusun mriki ngawontenaken kerja bakti sesarengan. Kanthi mekaten panjenengan kapurih ngumumaken dhateng warga sanesipun”. 

Pak Agung : “Apa maneh Le, welinge Bapak”? 

Narwan : “Sampun Pak, mekaten kemawon”. 

Pak Agung : “Matura bapak, menawi welingane wis daktampa lan arep daktindakake saiki”. 

Narwan : “Inggih Pak, matur nuwun sanget. Menawi mekaten sampun cekap anggen kula sowan matur. Kula nyuwun pamit”. 

Pak Agung : “Ya Le, padha-padha. Ngati-ngati ya ana dalan”.

Nah itulah beberapa contoh teks dialog bahasa Jawa dengan tema lingkungan. Terima kasih telang berkunjung pada blog ini, jangan lupa share ya artikel mengenai Teks Dialog Bahasa Jawa Tentang lingkungan.

Artikel Terkait


EmoticonEmoticon