Artikel Bahasa Jawa - Pengertian, Jenis, dan Struktur Artikel - Assalamualaikum wr wb. Dina kiye awake dhewek arep nyinuni babagan teks artikel. Kanggo ngukur sepira adohe siswa ngerteni informasi babagan artikel, siswa bisa nulis informasi artikel basa Jawa neng ngisor kiye.
A. Pangertene Artikel
Artikel yakuwe salah sijine karya tulis sing ngandharna salah sawijine bab utawa prakara. Bab utawa prakara kuwi mau bisa awujud kasunyatan (fakta) lan uga panemu (opini) sing ana hubungane karo dhata. Ancase supaya para pamaca bisa percaya, olih informasi lan uga bisa aweh panglipur sawise maca artikel sing disuguhna. Artikel bisa disuguhna lumantar macem-macem medhiya kayata ariwarti, kalawarti, utawa jurnal. Tuladhane ariwarti kayata Kompas, Suara Merdeka. Nek kalawarti kayata Panjebar Semangat, Ancas, lan liya-liyane.
B. Jinise Artikel
Artikel miturut sipat-sipate kaperang dadi loro, yakuwe ana artikel ilmiah populer lan artikel ilmiah.
- Artikel Ilmiah Populer, yakuwe karya tulis kang disuguhna kanthi cetha. Biasane artikel kiye disuguhna lumantar medhiya ariwarti (koran), lan uga kalawarti (majalah). Prakara sing diandharna biasane kasil saka pamikirane panulis lan kepriwe carane ngrampungna prakara sing ditulis mau. Isine artikel ilmiah populer kuwe kudu luwih entheng lan kepenak dingerteni nalika diwaca.
- Artikel Ilmiah, yakuwe karya tulis sing disuguhna kanthi ilmiah. Biasane artikel kiye kapacak ana neng jurnal ilmiah. Basa sing dianggo yakuwe basa formal. Kapustakan sing dianggo cetha lan wulangan sing dijelasnan kuwe kasil saka panalitene panulis. Urut-urutane artikel ilmiah yakuwe: irah-irahan, abstrak, pambuka, methode, kasil panaliten lan andharan, dudutan, panuwun, lan kapustakan.
C. Titikane Artikel
Artikel Ilmiah Populer:
- Basane baku populer
- Kapacak ing kalawarti utawa ariwarti
- Sumbere saka ngendi bae
- Topik anyar lan trep
- Kasil pamikirane panulis
Artikel Ilmiah:
- Basane baku lan formal
- Kapacak neng jurnal
- Sumbere cetha
- Topik ora kudu anyar
- Kasil panaliten
D. Jinise Artikel Adhedhasar Isine
- Artikel kabudayan yakuwe artikel sing isine bab utawa prakara kabudayan, karya cipta, seni folklore lan liya-liyane.
- Artikel pendhidhikan yakuwe artikel sing isine babagan pendhidhikan, sekolah, parakara siswa, pasinaon, guru, lan kabeh bab sing ana gegayutane karo pendhidhikan.
- Artikel olahraga yakuwe artikel sing isine bab olahraga, kesehatan, lan jinis-jinis olahraga.
- Artikel sosial politik yakuwe isine bab prakara sosial lan politik.
- Arikel ekonomi yakuwe artikel sing isine prakara babagan ekonomi, dhuwit, uga bisnis.
- Artikel agama yakuwe artikel sing isine prakara babagan agama lan uga carane menungsa nglakoni kang apa dadi kapitayane.
E. Perangane Artikel
- Pambuka, isine yakuwe prakara wiwitan sing arep dijelasna. Ukara-ukarane dirantam nduweni sipat umum lan nuju babagan sing arep dirembug.
- Andharan, yakuwe isine ukara-ukara sing ngrembug babagan prakara utawa topik sawijining bab.
- Panutup, isine yakuwe ukara-ukara sing ngrampungi saka andharan-andharan salah sawijining bab utawa prakara.
F. Urut-Urutane Nulis Artikel
- Nemtokake tema utawane topik.
- Nemtokake ancase panulisan.
- Nemtokake cara golet informasi. Informasi bisa dijukut sekang wawancara, angket, uga bisa saka maca tulisane wong liya.
- Ngumpulna bahan sing ana gegayutane karo artikel sing arep ditulis.
- Gawe cengkorongane.
- Nulis panemumu saka dhata utawa informasi sing ditemokna.
- Nulis artikel jumbuh karo urut-urutane.
EmoticonEmoticon