BLT
Dening Reforma Pandu Waskito
Urip neng jaman siki bener apa-apa susah. Apa maning mung dadi bakul bakso keliling, ketambahan siki lagi musim virus sing diarani pandemi virus corona 2019. Bakul bakso kaya Parmin bener-bener ngrasakna dampake sekang pandemi corona kiye. Ora kaya biasane sedina bae dodolan bakso keliling, Parmin bisa olih dhuwit telungatus ewu kena nggo blanja maning ngesuk kanggo keperluan gawe bakso. Lagi musim virus kaya kiye nggolet wong padha tuku bae susah banget.
"Jan angger kaya kiye bae nasibe nyong kepriwe ya? baksone ora nana sing tuku, esih wutuh akeh. Jan nasib-nasib." Curhate Parmin marang Yatno tukang becak sing biasa mangkal neng pertelon gang mayong.
"lha iya padha bae koh, nyong dina kiye ya mung narik penumpang pira tok kiye. Nyatane musim virus wong-wong padha wedi metu." Yatno dicritani malah melu curhat.
"Ya ko esih mending Yat, esih bisa narik penumpang lha nyong, masa sing nembe bae tuku baksoku mung rong jendhil.”
“Ya wis Yat, nyong tak muter kampung bae lha ya Assalamualaikum." Parmin pamit keliling maning.
"Waalaikumsalam sing laris ya Min."
Merga sepi wong tuku baksone, banjur Parmin puter balik keliling menyang desane dhewek mbok jere sapa ana sing tuku. Padahal baksone gaweane Parmin pancen enak lan kuwahe seger. Mbiyen seurunge ana corona kaya kiye pancen baksone Parmin larise pol, setengari bae wis entong nek mangkat esuk maring seputaran Jalan Jenderal Soedirman Purbalingga. Nanging merga dampak virus kiye Parmin anggone dagang bakso dadi sepi wong tuku, ora mung Parmin thok nanging kabeh wong dodolan ya uga ngrasakna dampake.
Segutule ndorong grobak baksone neng jalan desa perek umahe, Parmin diceluk daning Mbok Yem, juru rewang alias pembantune Mbak Lili.
"Min! Mandeg dhisit Min! Kiye nyong arep tuku baksomu mandeg!”
“Eladalah kae uwong kok mlaku bae." Mbok Yem karo nyandhak Parmin.
"Oh nggih Mbok, badhe mundhut pinten niki baksone." Jawabe Parmin karo ngucapna Alhamdulillah neng njero atine.
"Rong bungkus bae Min, kiye kanggo Mbak Lili karo anake." Wangsulane Mbok Yem.
Banjur Parmin mangsuli karo takon maning "namung kalih bungkus mawon Mbok? Lha punapa panjenengan mboten sekaliyan mbungkus?"
"Loro bae Min, nyong dikongkon tuku rong bungkus bae." Wangsulane Mbok Yem nggawe Parmin trenyuh.
"Owalah nggih sampun Mbok, menawa purun kula bungkusaken." Pitakonane Parmin maning.
"Iya Min kiye ya mung digawani dhuwit semene ya cukup rong bungkus tok Min."
Sawise baksone rampung diracik banjur diwehna maring Mbok Yem.
"niki Mbok, ingkang plastike lerek-lerek niki kagem Mbak Lili, niki ingkang kresek ireng kagem Mbok Yem."
Banjur Mbok Yem mangsuli karo kaget.
"lha lha nyong kiye tukune rong bungkus tok Min, lha kok telu?"
"Mpun mboten menapa Mbok, niki kagem si Mbok gratis… bayar kalih mawon. Etung-etung sedekah ben dados larise Mbok." Wangsulane Parmin karo aweh baksone.
"Oooo ya wis matur nuwun ya Min, muga dadi berkahe ko dagangane dadi laris degelis entong." Mbok Yem mangsuli karo ndongakake Parmin.
Banjur Parmin pamit keliling maning,
"nggih sampun mbok, kula keliling malih nggih. Monggo Mbok Yem."
Lagi mangkal neng nggon pos kamling, Pak RT teka banjur wara-wara nganggo pengeras suara toa. "Assalamualaikum kanggo kabeh warga Desa Kecepit, ngesuk arep ana pembagian BLT saka pamarentah kanggo warga RT 04 lan uga RT liyane. Nanging khusus kanggo RT kene mengko sore undangan kanggo njukut BLT (Bantuan Langsung Tunai) neng balai desa ngesuk bakal dibagi."
Banjur Parmin takon marang Pak RT.
"nuwun sewu Pak, kula angsal BLT menapa mboten nggih?".
"Yen mengko sore nampa undangan neng umah, artine ngesuk bisa dijukut neng balai desa." Wangsulane Pak RT.
"O nggih Pak matur nuwun informasinipun."
Sorene bener Parmin neng umahe nampa undangan kanggo njukut BLT, bojone Parmin sing nampani. "Bu, dhewek nampa undangan kanggo njukut BLT apa ora?"
Pitakonane Parmin marang bojone sing lagi nyapu.
"Alhamdulillah pak, mau ana sing mbagi undangane tekan kene. Jenenge ko ana neng daftar kepala keluarga sing nampa BLT." Wangsulane bojone sinambi ngrampungna nyapu. "Alhamdulillah yen pancen ngono, ya wis nyong tak adus dhisit kae tulung diurus baksone. Alhamdulillah laris nanging esih sisa limang porsi."
"Ya wis ora papa pak disyukuri bae".
Sesuke Parmin mangkat maring balai desa keperluan njukut BLT. Neng balai desa Parmin ketemu Mbok Yem maning.
"Panjenengan ugi nampi BLT mbok?" Pitakonane Parmin marang Mbok Yem.
"Alhamdulillah kiye min nyong ya olih undangan, lumayan kanggo blanja keperluwan umah karo tuku beras."
"Lha kok, niku si Mbak Lili ugi teng mriki mbok?" Parmin takon marang Mbok Yem karo kaget.
"Iya min kuwi Mbak Lili ya olih BLT." Wangsulane Mbok Yem karo krisik-krisik marang Parmin.
"Lha padahal Mbak Lili wong sugih kok bisa olih BLT."
Parmin heran krungu wangsulane Mbok Yem.
"Lha wong Mbak Lili kuwi sedulure kepala desane Min."
"Lha kiye sing nggawe Indonesia ora maju, wong-wonge ora padha jujur." Parmin karo ngelus-elus dada.
"Kudune ya wong wis sugih kecukupan ya sadar dhiri aja ditampa, leres menapa mboten mbok?" Parmin nambahi.
"Ya bener kuwi Min, haruse ya padha sadar dhiri. Neng njaba kana isih akeh sing luwih butuh BLT kaya awake dheweke kiye." Wangsulane mbok Yem.
"Nggih Mbok, leres niku..."
Bareng ngerti menawa Mbak Lili kuwi uga nampa BLT Parmin ya gumun lan bingung karo tanggane kuwe sing ora sadar dhiri padahal wong kecukupan, nanging bisa olih BLT.
"Mbok panjenengan ngertos menapa mboten? Nek Mbak Lili nampa BLT niku sanes Bantuan Langsung Tunai nanging bantuan langsung telas, hihihi." Parmin ngguyu ngakak neng jejere Mbok Yem karo ngenteni dipanggil urutane.
"Halah ko kiye bisa bae koh Min, BLT Bantuan Langsung Telas kuwe jane kepriwe?" Mbok Yem karo kukur-kukur rambute sing wis rada putih.
"Lha nggih mbok, Mbak Lili kan wonge gayane dhuwur seneng blanja. Ya wis nampa bantuan 800 ewu langsung dinggo blanja karo shopping." Krungu critane Parmin Mbok Yem melu mesem.
"lha iya bener kuwe Min, wis wis aja dibanjurna malah dadi dosa ghibah kaya kiye."
"Nggih mbok sampun, hihihi."
Sawise dipanggil ngarep njukut BLT, Parmin langsung mangkat blanja keperluwan gawe bakso kanggo dagang sesuk. Ora klalen uga tuku beras sepuluh kilo. Gutul umah, Parmin menyang umahe Mbah Saminah kanggo aweh beras limang kilo rejeki olih BLT. Mbah Saminah sing wis urip dhewekan kuwe ora duwe anak nanging malah ora kedaptar BLT.
"Assalamualaikum mbah, kula Parmin niki kula badhe ngeteraken wos saking bantuan corona." Nanging Parmin ora ngomong beras sekang awake dhewek.
"Waalaikumsalam, monggo mas Parmin kene lenggah dhisit." Mbah Saminah nyumanggaaken Parmin lenggah.
"Matur nuwun sanget mas Parmin, niki beras saking pundi nggih?" Pitakonane Mbah Saminah.
"Niki saking bantuan corona Mbah." Wangsualne Parmin.
"Oalaa nggih matur nuwun sanget kangge corona sampun bagi-bagi bantuan beras."
Krungu ngendikane Mbah Saminah, Parmin mung mesem-mesem nahan ngguyu. Neng mbatin Parmin karo ngomong.
"Corona menika virus mbah mbah..."
Karo ngguyu Parmin mangsuli maning.
"inggih mbah Alhamdulillah corona sampun bagi-bagi bantuan. Nggih sampun kula Pamit rumiyin mbah." Parmin banjur pamit bali umah.
Senajan lagi kondisi pademi corona, Parmin esih bisa sedekah senajan awake dhewek ya lagi susah. Kuwe merga Parmin percaya lan nduweni prinsip menawa sepira bae awake dhewek sedekah bakal ana rejeki liyane sing bakal ditampa sekang Allah SWT.
***
EmoticonEmoticon