Sesorah Basa Jawa - Pengertian, Struktur, dan Metode Sesorah - Assalamualaikum wr wb, dina kiye para siswa arep nyinauni babagan sesorah. Ancase para siswa mengko bisa mangerteni apa kuwe sesorah, ancase sesorah, struktur sesorah, uga metode sesorah. Mula, para siswa bisa nyemak rangkuman materi ana ing ngisor kiye!
A. Pangertene Sesorah
B. Ancase Sesorah
- Sesorah kanggo aweh informasi utawa pangerten. Sesorah utawa tanggap wacana kuwe tujuwane kanggo menehi pangerten, informasi, utawa kawruh marang wong sing ngrungokna. Mulane wong sing ngrungokna sesorah bisa ngerti lan paham apa sing lagi diandharake.
- Sesorah kanggo aweh panglipuran. Saliyane kanggo aweh informasi, sesorah uga bisa dadi sarana hiburan kanggo wong sing ngrungokna.
- Sesorah kanggo hamemilut (mengajak, mempengaruhi). Saliyane kanggo aweh informasi, sesorah uga dadi sarana kanggo ngajak utawa hamemilut wong liya supaya nglakoni utawa kapilut apa sing lagi diomongna pamicara.
- Busana, nek nganggo busana kudu jumbuh karo keperluwane, ana ing adicara apa lan kapan dianaknane.
- Subasita utawa trapsila lan tata krama. Nalika sesorah, solah bawa utawa trapsila sing kurang bisa ngurangi kawibawane sing sesorah. Mula, solah bawane aja ngasi katon digawe-gawe lan kudu digawe biasa bae.
- Swara. Nalika sesorah, swarane kudu jelas seru ning ora nggentak-nggentak. Pocapane kudu digatekna, kudu bisa mbedakna swara tembung siji lan sijine kanthi cetha.
- Basa. Nalika sesorah, bab basa uga kudu digatekna. Pamilahe tembung lan ragam basa kudu dipasna karo unggah-ungguh sing bener. Mangka kuwe, dhewek kudu ngerti sapa sing arep dijak guneman, sapa sing ngajak guneman, kepriwe swasanane lan liya-liyane.
C. Patrap Nalika Sesorah
- Nalika sesorah ngadege kudu jejeg ora dhoyong utawa ndhingkluk.
- Tangane kudu ngapurancang, sarirane kudu ndedeg nanging aja digawe-gawen ben ora katon kaku.
- Ekspresi kudu katon sumeh ning ora katon digawe-gawe.,
- Nyawang pamirsa kanthi trapsila.
- Kudu bisa nata pangucapan ben ora ndredeg.
- Wiramaning wicarane kudu cetha, lan jumbuh karo swasana.
- Nganggo basa krama alus tapi ora perlu basa sing angel-angel ben gampang dingerteni para pamirsa.
D. Struktur / Rantaman Sesorah
- Salam pambuka, isine yakuwe ngaturake salam banjur nyebutna asmane para rawuh.
- Pambuka utawa purwaka. Ngaturake panuwun marang para tamu lan ngaturake puji syukur marang Gusti Maha Agung.
- Surasaning basa/isi/wos. Underan utawa sakabehe perkara sing arep diandharake marang para pamiarsa.
- Dudutan/simpulan. Yakuwe intisarine wedharan ing sesorah.
- Pangajeng-ajeng. Ing bab iki wong sing lagi sesorah kudu ngandharake pangarep-arep utawa pangajeng-ajeng marang wong sing lagi ngrungokna.
- Wasana/panutup. Ing panutup, wong sing lagi sesorah ngaturake pangapura menawa ana sing kurang utawa ana luput nalika atur sesorah.
- Salam panutup. Ing kene wong sing lagi sesorah ngaturake salam kanggo panutup sesorah.
E. Jenise Sesorah Manut Isine
- Atur Pambagyaharja. Isine kanggo nyambut kerawuhan para tamu utawa atur sugeng rawuh katur tamu dening panitya utawa pamangku gati.
- Atur Pawartos. Sesorah kang isine kanggo aweh informasi babagan perkara tertamtu. Tuladhane sesorah ing rapat-rapat, promosi barang lan liya-liyane.
- Tanggap Sabda. Sesorah sing isine kanggo nanggepi atur pambagyaharja kang diaturi dening pamangku gati utawa panitya.
- Atur Panglipur. Sesorah sing isine kanggo menehi hiburan utawa panglipuran marang wong kang lagi nandang kesripahan. Tuladha lelayu utawa musibah.
- Pangarep-arep. Sesorah sing isine kanggo ngajak wong liya kang ngrungokake supaya nglakoni apa kang lagi diomongake.
- Medhar Sabda. Sesorah sing isine wedharan pitutur luhur utawa nasihat.
F. Metodhe Sesorah
- Model apalan. Sadurunge sesorah, kudu nggawe naskah dhisit lan ngapalna kabehan tulisan ana ing naskah sesorah. Biasane model kiya dilakokna dening wong sing lagi nembe ajaran sesorah.
- Model naskah. Ing model kiye, wong sing sesorah kuwe nggawa teks utawa naskah sesorah. Biasane dilakokna dening para pejabat ing adicara sing resmi.
- Model dadakan utawa impromtu. Sesorah kiye dilakoni kanthi cara dadakan lan ora ngrancang utawa nulis naskah sesorah, dadi langsung ngomong seanane.
- Model ekstemporan. Ing model kiye, wong sing arep sesorah kuwe nggawe cathetan cilik sing digawa nalika sesorah kanggo sangu utawa pangeling-eling urutane apa sing arep diandharake.